Label

  • : (1)

Selasa, 07 Juni 2011

OBAT-OBATAN TRADISIONAL


OBAT-OBATAN TRADISIONAL

Obat Tradisional yaiku obat-obatan kang diolah kanthi cara tradisional, turun-temurun, miturut resep saka mbah buyut, adat-istiadat, kapercayan, utawa pakulinan sing ana ing daerah, uga asipat magic utawa pangetahuan tradisional. Miturut panliten jaman saiki, obat-obatan tradisional uga nduweni manfaat kanggo kasehatan, lan saiki bakal disosialisasikake penggunaane amarga luwih gampang anggone masyarakat ngolehake obat tradisional iku mau, didheleng sak rega uga anane obat iku murah banget. Obat tradisional jaman saiki akeh digunakake amarga miturut saweneh penliten ora nuwuhake efek samping, amarga isih bisa dicerna karo awake manungsa.
Saweneh perusahaan jaman saiki kang ngelola obat-obatan tradisional wus padha dimodifikasiake utawa nyampur obat-obatan. Bagian saka Obat tradisional kang bisa dimanfaatne yaiku oyot, rimpang, batang, buah, godhong lan kembange. Wujud obat tradisional kang akeh didol ing pasar awujud kapsul, serbuk, cair, lan tablet. Jinis-jinise obat tradisional, yaiku :

Bawang                                                          







1.      KAGUNAANE JERUK NIPIS KANGGO MUDHUNAKE KOLESTEROL

Jeruk nipis wus misuwur nduweni maneka manfaat kanggo kesehatan. Salah sawijine yaiku kanggo mudhunake kadar kolesterol utawa kadar lemak sajrone getih.
Kaya mangkene tips-trike:
Pilih jeruk nipis kang fresh utawa seger banjur umbah kanthi resik. Tugel-tugel jeruk nipis dadi papat, banjur ditugel cilik-cilik. Lebokna tugelan sadurunge ing gelas.
Tugelan jeruk nipis sadurunge yaiku tugelan kang jangkep sakulite. Wenehi banyu panas nganti bek, sawise kuwi ditutup rapet. Kurang luwih 30 menit, banjur diombe nganti enthek. Obat kuwi diombe, sedina peng pindho isuk lan bengi. Miturut penliten, kulite jeruk nipis nduweni minyak kang ana khasiate kanggo kesahatan. Saliyane iku, jeruk nipis uga ora nuwuhake nyeri ing lambung.

Informan 2 : “Jeruk nipis sing seger terus diumbah. Ditugeli dadi papat terus lebokna ing gelas.Wenehi banyu panas nganti penuh. 30 menit, banjur diombe enthek. Obat kuwi diombe, sedina peng pindho isuk lan bengi.”

2.      OBAT ALAMI KANGGO SIRAH NGELU

Sirah ngelu bisa kadadeyan sawayah-wayah kang ora ana tandha-tandha utawa sebab sadurunge. Kala-kala wayah tangi turu, sawise olahraga, wayah ngadeg sawise lungguh lan uga liya-liyane. Akeh wong kang nganggep yen sirah ngelu iku samubarang kang wajar, diobati karo obat-obatan kang di adol nang warung-warung bakal bisa diatasi lan wus rampung dewe anggone lara ngelu. Nanging, nang kene bakal kaudhal maneka cara tradisional kanggo ngobati sirah ngelu, yaiku:
  1. Jus lemon --> Jus lemon mau ditambahi sagelas banyu putih utawa teh anget.
  2. Aromaterapi saka kulite jeruk --> iku mau mung ditempelna nang bathuk utawa jidat.
  3. Ana neh kang luwih gampang yaiku mung ambekan njupuk napas jero-jero lan ngirup hawa kang seger.
  4. Yen sirah ngelu iku amarga stress utawa pegel, mula mung dipijet wae tengkuke, bahu, pelipis uga tangan. Usahakna rileks utawa santai.
  5. Kekurangan vitamin lan alergi uga bisa nyebabake ngelu. Yen wus kaya mangkana mula kudu bisa ngerteni jinis-jinis panganan apa wae sing bisa nggarai ngelu, banjur dihindari.
  6. Gejala dehidrasi uga bisa nyebabake ngelu. Ngombe banyu anget sacukupe kanggo ngurangi gejala ngelu kasebut.
Informan 4 : “ngelu kuwi akeh obate, ngombe jus lemon, aromaterapi saka kulite jeruk, utawa dipijet wae tengkuke, bahu, pelipis karo tangane.”

3.      MANFAATE GODHONG SOSOR BEBEK
Ø  Kanggo ngobati borok (luka)
Godhong sosor bebek sacukupe banjur diparut utawa dideplok. Tambahna banyu saithik lan usapna nang awak kang lara. Banjur parem mau bisa diganti saben telung jam pisan.
Ø  Weteng mules
Saweneh godhong dadap serep dideplok lan dicampur karo saweneh lembar godhong sosor bebek. Wenehi banyu saithik. Banjur usapna ramuan iku nang weteng.
Ø  Mudhunake awak panas
Godhong sosor bebek iku ditumbuk kanthi alus, banjur didekek nang bathuk. Saben dina diambali kaping pindho.
Ø  Udun utawa memar
Lembutna 30-60 gram godhong sosor bebek banjur diperes. Tambahna madu lan langsung diombe. Sisa godhong mau ditempelna nang bagian kang lara.
Ø  Radang kuping njaba
 5-10 godhong sosor bebek digerus nganti alus, banjur diperes. Banyune digawe kanggo obat tetes kuping.
Ø  Radang amandel
5-10 godhong sosor bebek digerus nganti alus. Peres banyune, saring, banjur digawe kemu.

Informan 4 : Sosor bebek kuwi kanggo ngobati luka (borok) iku godhong sosor bebek diparut utawa dideplok terus dike’i banyu, gawe mules mung didheplok karo godhong dadap serep, nek kanggo demam iku ditemplekna nang batuk ae, yen kanggo radang kuping luar iku dijupuk banyune trus ditetesna, lan bisa kanggo radang amandel.”




4.      OBAT WATUK
Bahan-Bahan :
-          Jeruk pecel
-          Kecap
Carane :
Jeruk pecel diperes lan dicampur kecap sasendok.

Informan 2 : “Jeruk pecel diperes ke’i kecap

5.      OBAT SESEG I
Bahan-Baha :
-          Temu lawak (1-3)
-          Temu ireng  (1-3)
-          Kunir (1-3)
-          Godhong pare 9 lembar
-          Buah pare i biji
-          Kemangi 9
-          Gula batu
-          Adas pulawaras
-          Uyah
Carane :
Bahan-bahan ing ndhuwur iku mau digodhog karo 3 gelas banyu, diombe sedina ping telu.

Informan 3 : “Temu lawak (1-3), temu ireng  (1-3), kunir (1-3), godhong pare 9 lembar, buah pare i biji, kemangi 9 , gula batu, adas pulawaras, karo uyah. Digodhog karo banyu telung gelas

6.      OBAT MAAG  I
Bahan-Bahan :
-          Luntas 5-7
-          Temu lawak 5-7
-          Temu ireng 5-7
-          Kunir 5-7
-          Godhong kates gantung
-          Kembang lan oyot
-          Tapak liman 5-7 lembar
-          Suket teki 9-11 + oyote
-          Godhong suruh 9-11
-          Godhong salam 9-11
-          Uyah
Carane :
Bahan-bahan ing ndhuwur iku digodhog karo banyu 7 gelas, lan didadekna dadi 3 gelas. Banjur diombe sedina ping telu.

Informan 4: “Luntas 5-7, temu lawak 5-7, temu ireng 5-7, kunir 5-7, godhong kates gantung, kembang lan oyot, tapak liman 5-7 lembar, suket teki 9-11 + oyote, godhong suruh 9-11, godhong salam 9-11, lan uyah. Digodhog mbek pitung gelas nganti asat kira-kira telung gelasan. Diombe sedina ping telu.”

7.      AMANDEL I
Bahan-Bahan :
-          Wortel
-          Apel
-          Madu
-          Uyah
Carane :
Wortel lan apel diparut lan dijupuk sarine, banjur dicampur karo madu lan uyah. Sedina ping pisan.

Informan 3 : “Wortel lan apel diparut, banjur dicampur karo madu lan uyah. Sedina ping pisan kuwi.”

8.      OBAT WATUK
Bahan-Bahan :
-          Sereh 3 lembar
-          Kemangi 11 lembar
-          Jahe 3
-          Uyah
-          Gula batu
Carane :
Dicampur kabeh lan digodhog karo banyu. Banjur diombe sawise tangi turu.

Informan 1 : “Sereh 3 lembar, kemangi 11 lembar, jahe 3, uyah, gula batu. Kabeh kuwi digodhog lan diombe sawise tangi turu.”

9.      KOLESTROL
Bahan-Bahan :
-          Luntas
-          Temu lawak
-          Temu ireng
-          Kunir
-          Godhong suruh
-          Uyah
Carane :
Bahan iku mau dicampur lan digodhog.

Informan 3 : “Luntas, temu lawak, temu ireng, kunir, godhong suruh, lan uyah. Kuwi kanggo wong sing kolestrol”

10.  NGOBATI AMBIEN
Penyakit iki biasane ngenani para pegawe kantoran kang sering lungguh ing kursi, para penjahit lan para kuli kang sering ngangkat beban kang abot.
Wong kang nandang penyakit iki yen bebuwang biyasane metu getihe. Kanggo ngobati penyakit iki, bisa nganggo obat tradisional kaya mangkene:
Bahan-Bahan :
-          Saweneh lembar godhong jambu enom
-          Isine gedhang klutuk (gedhang kang akeh isine)
Cara Nggawene :
Godhong jambu enom iku utawa pucuke lan gedhang klutuk diumbah resik. Gedhang klutuk iku mau ora usah dioncek’i kulite, langsung diparut lan dicampur karo godhong jambu banjur ditumbuk. Banyu peresane gedhang uga jambu mau banjur diombe.
Kang kudu dihindari :
Alkohol, panganan kang pedhes, daging panas kayata wedhus, panganan kecut uga panganan kang ngandhut akeh serat.

Informan 4 : “Kanggo lara ambien iku nggawe godhong jambu enom sing dijupuk pucuke lan gedhang klutuk diumbah resik. Gedhang klutuk iku mau ora usah dioncek’i kulite, langsung diparut lan dicampur karo godhong jambu banjur ditumbuk. Banyu peresane gedhang uga jambu mau trus diombe.”

11.  OBAT AMANDEL II
Bahan-Bahan :
-          Temu lawak
-          Temu ireng
-          Uyah
-          Jeruk pecel
-          Kunir
-          Madu
Carane : temulawak,temu ireng lan kunir digodhog lan banyune mau dicampur karo uyah, peresan jeruk pecel, lan madu. Diombe sedina ping pisan.

Informan 3 : “temulawak,temu ireng karo kunir digodhog terus banyune dicampur karo uyah, peresan jeruk pecel, lan madu. Diombe sedina ping pisan.”

12.  OBAT MAAGH II
Penyakit iki sederhana wae resepe yaiku mung mangan kacang ijo ¼ kg.
Carane :
Kacang ijo mau diumbah resik banjur dipeme nganti garing mari ngunu digoreng ora usah gawe lenga (disangrai) nganti mateng, sawise iku ditumbuk alus. Cara mangane yaiku mung sasendok tepung kacang ijo mau dicampur karo banyu banjur diombe saben dina nganti larane mari.

Informan 1 : ”Kacang ijo dipeme nganti garing terus digoreng ora usah gawe lenga nganti mateng, sawise iku ditumbuk alus. Terus dicampur karo banyu banjur diombe saben dina nganti larane mari.”

13.  OBAT MASUK ANGIN
Masuk angin bisa nyerang sapa wae, nang ndi wae. Ing kendaraan, omah uga ing pesawat. Nanging ana cara tradisional kang sederhana kanggo ngatasi masuk angin.
Bahan-Bahan :
-          Bawang merah sacukupe
-          Jahe sacukupe
Carane :
Jahe lan brambang dibakar nganggo awu panas (ing tungku). Yen wus rada angus, banjur diangkat saka awune mau lan dioncek’i kulite. Sawise dibuang bagian kang rusuh mau banjur dikeprok nganggo barang atos nganti gepeng lan rada remuk, lebokna sagelas susu, ramuan iki diombe wayah isih anget, utamane wayah arep lunga. Ramuan iki bisa dilebokna tremos yen pengin lunga adoh, banjur bisa diombe saben wayah yen ngrasa arep mabuk utawa pengin muntah-muntah ing kendaraan.

Informan 2 : “Jahe lan brambang dibakar nganggo awu panas. Yen wus rada gosong, banjur diangkat saka awune mau terus dioncek’i. Mari dionceki terus dikeprok nganti gepeng mari ngana dicampur karo sagelas susu.”

14.  YEN ANGEL BEBUWANG
Yen ngalami angel bebuwang bisa nganggo ramuan ing ngisor iki :
Bahan-Bahan :
-          Tape menyok sacukupe
-          Kates sacukupe
-          Gedhang sacukupe
-          Sirsak utawa moris sacukupe
Carane :
Kabeh bahan mau digodok dadi kolak banjur diombe saben isuk. Ana uga cara liya yaiku ngombe ramuan sari temulawak kang dibubuhi gula lan asem saithik.

Informan 4 : “Angel ngising kuwi mangan kolek saka tape, kates, gedhang, karo sirsak utawa moris. Bisa ngombe temulawak bereng la...”



15.  OBAT LARA PANAS
Wayah hawa panas wong kang lagi lara demam bakal ngrasa kademen padahal suhune awak panas. Sing kaya mangkana iku diarani panas adem. Pengobatan kanggo penyakit iki mung sederhana wae, yaiku :
Bahan Utama : Godhong kates
Jupuk sakempel godhong kates, banjur ditumbuk nganti alus, saring banyune. Banyu peresan godhong kates mau iku kang diombe si penderita demam. Yen 12 jam penderita durung waras bisa dibaleni anggone ngombe ramuan iku mau. Kanggo kang nandang malaria mesthine ngombe ramuan iku limang dina suwene.

Informan 3 : “ Nek panas mbak, gawe godhong kates, sing didheplok nganti alus, banyune disaring. Banjur diombe.”

16.  OBAT DEMAM BERDARAH
Wong kang ngalami demam berdarah biasane awake panas benter. Banjur ana bintik-bintik abang ing kulite. Pitulungan kapisan yaiku diwenehi banyu klapa enom ijo kang dibubuhi limau nipis. Uga ana resep kang jangkep.
Bahan-Bahan :
-          Godhong Sambiloto diperes akehe 15 gram
-          Godhong Jinten 10 gram
-          Godhong Ngokilo diperes 5 gram
Carane :
Campur ramuan iku mau karo banyu panas 150 cc. Ramuan iki mung kanggo sakombenan wae. Yen pengin ngombe maneh kudu nggawe ramuan iku maneh.

Informan 1 : “Godhong Sambiloto diperes kira-kira 15 gram, dicampur karo godhong Jinten 10 gram, lan godhong Ngokilo diperes 5 gram la...banyune 150 cc, kuwi lho kanggo demam berdarah.”

17.  OBAT WETENG KEMBUNG
Tanda weteng kang kembung yaiku, yen ditepuk karo telapak tangan bakal ana unine, bung ! bung ! kaya kosong ! iki disebabake masuk angin.
Tumindak sepisanan yaiku dipijet bagian bangkekan sangisore geger. Sateruse bisa dibalurna minyak gondopuro, lan dikompres nggawe parutan sosor-bebek. Obat liyane, yaiku:
Bahan-Bahan :
-          Jahe
-          Banyu panas
-          Gula
Carane :
Jahe kang digepengna banjur lebokna ing gelas kang isine banyu panas, sawise iku dibubuhi gula banjur diudheg rata, diombe wayah isih anget-anget.

Informan 4 : “Jahe digepengna, lebokna nang gelas isine banyu panas, terus tambahi gula lagek diudek rata, diombe wayah isih anget-anget tambah enak kuwi.”

18.  OBAT LARA JANTUNG
Jantung yaiku perangane awak kang penting banget. Wong kang lara jantung, apa maneh nganti jantunge bengkak, bakal ngrasakna nyeri kang lara banget. Yen ngalami perkara kaya mangkana bisa nyoba resep kaya ing ngisor iki.
Bahan :
-          3 lembar godhong sirih temu rose
-          3 bungkul brambang
-          4 isine buah kemukus
-          1 sendok cilik jinten putih
Cara Nggawene :
Godhong sirih, brambang, lan godhong kemukus diumbah kanthi resik, jintene ora usah diumbah. Tumbuk bahane kabeh nganti alus, tambahna banyu 4 sendok, banjur banyune mau disaring, lan diombe sedina ping pindho, isuk mbek sore.

Informan 1 : “Godhong sirih, brambang, lan godhong kemukus diumbah kanthi resik. Bahan-bahan iku mau dideplok mbak fira, nganti alus, terus ditambahi banyu patang sendok, banjur napa niku, disaring, kuwi diombe sedina ping pindho, isuk kalih sore.”




19.  LARA LIVER
Lara liver biasane mbutuhake ragat kang gedhe kanggo nambani. Nanging, ana obat tradisional kang murah, mung mbutuhake ketlatenan anggone nggawe ramuan lan ngombe obat tradisional iku mau. Ramuane yaiku:
Bahan-Bahane :
-          2 potong jari kunir
-          Kencur gedhene sadriji
-          3 sendok teh Brotowali
-          2 butir bawang putih
-          1 genggem godhong Simbukan
Carane :
Kabeh bahan mau ditumbuk nganti alus. Yen arep diombe, jupuken satu sendok teh ramuan kang wus ditumbuk mau, wenehi banyu panas. Ombe sedina ping telu. Minimal ngombe ramuan iku nganti seminggu. Nanging, luwih manjure yen diombe nganti sewulan penuh.

Informan 2 : “2 potong jari kunir, kencur gedhene sadriji, telung sendok teh Brotowali, bawang putih loro, karo sagenggem godhong Simbukan. Kabeh mau didheplok. Nek arep ngombe iku sasendhok dicampur banyu panas. Terus diombe sedina ping telu.”

20.  KURANG GETIH (ANEMIA)
Tandha-tandhane kurang getih : wajahe pucet, lemes, ora semangat alias loyo, yen lungguh suwi mripate bleyer, yen mlaku adoh bisa ngelu, mripat dadi peteng lan kerep semaput. Carane nambani yaiku nggawe ramuan kaya mangkene :
Bahan-Bahan :
-          2  endhok pitik kampung
-          1 sendok makan madu asli
-          1 genggem godhong bayem
-          1 butir jeruk nipis
Cara Nggawene :
Endhok pitik dijupuk kuninge tok. Udhek nganti rata, campurna madu, udhek neh nganti rata, campurna peresane jeruk nipis uga diudhek neh nganti rata. Godhong bayem ditumbuk rata banjur diperes, jupuk banyune, banjur lebokna ing ramuan sadurunge, udhek neh nganti rata. Ramuan iku diombe telung dina terus-terusan, mula raine bakal ayu, sumunar, awak dadi bersemangat, sehat  lan seger. Kanggo njaga ben kondisi dadi apik mula ramuan iku diombe seminggu pisan.

Informan 1 : “Endhok pitik dijupuk kuninge terus diudhek nganti rata, ke’i madu, terus dicampur karo peresane jeruk nipis. Godhong bayem didheplok terus diperes, banyune mau dilebokna nang ramuan sadurunge, udhek nganti rata. Ramuan iku diombe telung dina terus-terusan, mengko bakal ayu, berseri-seri, awak dadi seger.”

21.  YEN IRUNG LARA
Yen irung krasa lara, utawa ana bintik-bintik abang, uga amarga mimisen utawa metu getih saka irung, mula gunakna ramuan iki :
Bahan :
-          Godhong sirih
Carane :
-          Godhong sirih 7 lembar, 3 lembar ditumbuk kanthi alus, sawise kuwi ditutul-tutulna nang irung.
-          Yen getihe ngalir saka irung gawenen 4 lembar godhong suruh liyane kanggo nyumpet irung supaya getihe mandheg ora metu maneh.

Informan 4 : “Godhong sirih didheplok kanthi alus, terus ditutul-tutulna nang irung. Nek getihe isih ngalir nggawe godhong siri utuh iku kanggo nyumbat irunge supaya getihe mandhek.”

22.  OBAT  T.B.C
Kanggo ngobati penyakit iki bisa nganggo ramuan kaya mangkene :
-          Adas pulosari 1 cangkir teh
-          Pucuke godhong anom (sajenise Pare sing kulite bintik-bintik) jupuk segenggem wae.
-          Gula aren 2 sendok makan.
Cara Nggawene :
Adas pulosari lan godhong anom dicampur banjur digodhog karo sapanci banyu. Wayah godhog kudu ditutup rapet. Aja diowahi nganti setengah jam nganti banyune kari seprapate panci, angkat saka kompor banjur lebokna gula aren lan diudhek rata nganti banyune adem.
Ramuan iku diombe saben isuk, awan lan bengi. Ramuan iki kudu diombe nganti sawulan suwene supaya bisa krasa khasiate.

Informan 2 : “Adas pulosari lan godhong anom dicampur banjur digodhog karo banyu sapanci. Dinjarna wae banyune kari seprapate panci, terus dicemplungna gula aren lan diudhek rata nganti banyune adem.
Ramuan iku diombe saben isuk, awan lan bengi.”

23.  KANGGO NYEGERNA KULIT
Bahan :
-          Endhok pithik dijupuk mung putihane wae
-          1 sendok madu
-          3 sendok susu
Cara Nggawene :
Campur kabeh bahan iku mau banjur diudhek kanthi rata, lan diolesna nang wajah lan gulune. Dienteni nganti garing lan atos, setengah jam sawise lagek diresiki karo banyu anget utawa banyu adem. Sawise iku, bakal krasa seger nang wajah, apa maneh wayah mbilas iku ora mung mbilas wae nanging karo wudhu.

Informan 3 : “Putihane endhok pithik, sasendok madu, susu telung sendok. Iku mau banjur diudhek kanthi rata, terus diolesna nang wajah sagulune. Dinjarna nganti garing lan atos, setengah jam sawise lagek diresiki karo banyu anget menisan wudhu.”

24.  KENCING BATU
Bahan :
-          Oyot aren sagenggem
-          Oyot alang-alang sagenggem
-          Adas pulosari
-          Gula watu
-          Banyu rong gelas
Cara Nggawene :
Godhog kabeh bahan-bahan iku nganti banyune kari sagelas, banjur diombe saben isuk nganti watu sajrone uyuh iku ilang.

Informan 4 : “Oyot aren sagenggem, oyot alang-alang sagenggem, adas pulosari, gula watu, banyu rong gelas. Iku mau digodhog kabeh la, terus diombe ben isuk.”

25.  DIABETES
Bahan :
Biji lamtoro disangai (digoreng ora gawe lenga) nganti mateng. Tumbuk nganti alus.
Carane :
-          Bubuk lamtoro mau dicampur karo banyu panas, diombe wayah isih anget. Ampase uga diombe supaya oleh khasiate, ramuan iku diombe sedina ping pindho yaiku isuk lan sore utawa bengi.

Informan 1 : “Lamtoro didheplok, terus bubug e mau dicampur karo banyu panas, diombe wayah isih anget, diombe saampase lho.Sedina ping pindho, isuk lan sore utawa bengi.”

26.  OBAT LARA PANAS
Bahane: brambang, godhong sangket, lan lenga klethik.
Carane : brambang lan godhong sangket dirajang alus, diwenehi lenga klethik sakcukupi banjur dicampur lan diremet-remet.

Informan 3 : brambang lan godhong sangket dirajang alus, diwenehi lenga klethik sakcukupi banjur dicampur lan diremet-remet.

27.  LARA WATUK
Bahane: jahe, kencur, banyu mateng, gula batu.
Cara ngramu: jahe lan kencur diparut. Parutane diperes, diwenenehi banyu mateng sakcukupe, diwenehi gula batu banjur diudhek.

Informan 2 : jahe lan kencur diparut. Parutane diperes, diwenenehi banyu mateng sakcukupe, diwenehi gula batu banjur diudhek.

28.  ASAM URAT
Bahane: buah sirsat, gula putih sakcukupe
Cara ngramune: buah sirsat dionceki, dijupuk wijine, banjur dijus lan diwenehi gula putih sakcukupe.

Informan 3 : buah sirsat dionceki, dijupuk isine, banjur dijus lan diwenehi gula putih sakcukupe.

29.  GATEL-GATEL
I.          Bahan: wiji maoni
Carane: wiji maoni diuntal kaya ngombe obat.
II.       Bahan: butrowali utawa godhong mindhi, gula putih sakcukupe, banyu mateng.
Carane: butrowali utawa godhong mindhi digerus, diwenehi banyu sakcukupe banjur diperes. Asil peresane diwenehi gula sakcukupe.    

Informan 4 : “Bijine maoni diuntal kaya ngombe obat. Utawa butrowali utawa godhong mindhi digerus, diwenehi banyu sakcukupe banjur diperes. Asil peresane diwenehi gula sakcukupe.

30.  MALARIA
Bahan: godhong kates gantung, gula putih lan banyu sakcukupe
Carane: godhong kates gantung didheplok, diwenehi banyu sakcukupi. Banjur diperes. Asil peresan, digodhog lan diwenehi gula sakcukupe.

Informan 3 : “Godhong kates gantung didheplok, diwenehi banyu sakcukupi. Banjur diperes. Asil peresan, digodhog lan diwenehi gula sakcukupe.

31.  NAMBAH NAFSU MANGAN
Bahan: temulawak, gula, banyu.
Carane: temulawak direseki, banjur didheplok utawa diparut. Asil dheplokan utawa diparutan kasebut diwenehi banyu sakcukupe banjur diperes. Asil peresan, digodhog lan diwenehi gula sakcukupe.

Informan 3 : “Temulawak direseki, banjur didheplok utawa diparut. banyu sakcukupe banjur diperes. Asil peresan, digodhog lan diwenehi gula sakcukupe.



32.  PANAS DALAM
Bahan: kunir, asem mateng, gula, banyu.
Carane: kunir direseki, banjur didheplok utawa diparut. Asil dheplokan utawa diparutan kasebut diwenehi banyu sakcukupe banjur diperes. Asil peresan, diwenehi asem mateng, diudhek nganti nyampur banjur digodhohg lan diwenehi gula sakcukupe.
Informan 3 : “Kunire didheplok utawa diparut mbak. Terus dheplokan utawa parutan iku mau diparingi banyu banjur diperes. Asil peresan iku, diwenehi asem mateng, diudhek nganti nyampur kabeh terus digodhog lan diwenehi gula sakcukupe.

33.  CACINGEN
Bahan: temu ireng, gula, banyu.
Carane: temu ireng direseki, banjur didheplok utawa diparut. Asil dheplokan utawa diparutan kasebut diwenehi banyu sakcukupe banjur diperes. Asil peresan, digodhog lan diwenehi gula sakcukupe.

Informan 1 : “Temu ireng didheplok utawa diparut. Asil dheplokan utawa diparutan iku diwenehi banyu sakcukupe banjur diperes. Peresan iku, digodhog lan diwenehi gula sakcukupe.

34.  NGILANGI DELEPEN
Bahan: temulawak, asem, banyu, gula abang lan uyah sakcukupe.
Carane: temulawak direseki, lan diiris tipis-tipis. Irisan kasebut digodhog lan dicampur karo asem, gula abang lan uyah sakcukupe.

Informan 3 : “Temulawak direseki, lan dirajang tipis-tipis. Banjur digodhog lan dicampur karo asem, gula abang lan uyah sakcukupe.

35.  NGOBATI DIABETES MELITUS
Bahan: godong sambiloto 1/3 kepel, godhong kumis kucing 1/3  kepel, 21 lembar mimba, lan 6 cm (batang) brotowali.
Carane: bahan-bahan kasebut dirajang banjur digodhog karo banyu sakcukupe utawa kurang luwih telung gelas.

Informan 4 : “Godhong sambiloto 1/3 kepel, godhong kumis kucing 1/3  kepel, 21 lembar mimba, lan 6 cm (batang) brotowali. Bahan-bahan kasebut diiris banjur digodhog karo banyu.

36.  NGOBATI SESEG II
Bahan: godhong sirih 10 lembar, godhong alpukat 10 llembar, gula batu lan banyu limang gelas.
Carane: godhong sirih lan godhong alpukat diumbah resik banjur digodhog karo limang gelas banyu. Dicampur  gula batu sawise banyu godhoggan kasebut kari rong gelas.

Informan 3 : godhong sirih lan godhong alpukat diumbah resik banjur digodhog karo banyu kira-kira limang gelas. Dicampur  karo gula batu terus banyu godhoggan iku mau mbak disisakna kari rong gelas wae.




INFORMAN 1
NAMA                        : MUSFI’AH
UMUR                        : 64 TAHUN
PEKERJAAN             : GURU NGAJI

INFORMAN 2

NAMA                        : UMI JATI
UMUR                        : 58
PEKERJAAN             : GURU

INFORMAN 3

NAMA                        : DHE NAH
UMUR                        : 59
PEKERJAAN             : TUKANG PIJIT

INFORMAN 4

NAMA                        : WIDO
UMUR                        : 39
PEKERJAAN             : KARYAWAN

ANGGOTA KELOMPOK    : ACHMAD ENDRA GUNAWAN (082114018)
                                                : M. ABDULLAH FAQIH                (082114023)
                                                : ELFIRA SEPTIANI L.                    (082114040)







Tidak ada komentar:

Posting Komentar