Label

  • : (1)

Selasa, 07 Juni 2011

Guritan


· Katon mendung
Dening : M. Abdullah Faqih

Bocah cilik
Mung bisa nyawang nalika
Pendidikan mung nduwene borjuis

Bocah cilik
Mung bisa nyawang
Nalika gurit panatang kesaput jaman

Bocah cilik
Mung bisa nyawang
Nalika mahasiswa ora bisa dadi mahasiswae wong cilik


Bocah cilik
Nangis nalika lagite katon mendung
Kang babarpisan ora ana sunare!

Lidah wetan, 11 Apri...
Top of Form
                                  Kampus
                 Dening            : M. Abdullah Faqih

manuk gagak padha kekidung ing tengah pelataran kampus
saisining kampus kang amulat bubar kabrasat lumayu oncat
babarpisan esemu kang kecut

latah para kurawa kang bisa
nyebabkake pandhawa oncat saka kampus


mung bisa nyawang?

Lidah wetan, 11 Mei 2011






kangen
Dening: M. Abdullah Faqih



wengi sing lungkrah nyingitake rasa kangen
marang barang bebener
akeh manungsa padha linglung
ati kang padha suwung
ngurusi negara sing amburadul
nganti candra sangkala kang kaya saranangga

wengi sing lungkrah nyingitake rasa kangen
marang barang bebenar
amerga ana gegayuhan ngowahi jaman
atmaka sing wus seneng menthlengi playstasion ketimbang ngaji
ngeluri budaya jawa mung dadi sesantine
ora ana dhuwit ngeluri budaya jawa ora bakal melaku


wengi sing lungkrah nyingitake rasa kangen
marang barang bebener
lakune manungsa ing jagade pawayangan
nyawa sing ora ana regane maneh
wus akeh getih kang tumetes
kabeh manungsa wus padha ngerbutna kuwasa
peseduluran kang dadi tumbal

jarene biyung...
jaman keneng musibat
wong ambeng jatmika konti.

Lidah Wetan, 13 Mei 2011














Indonesiaku
Dening: M. Abdullah Faqih


Sore kang endah
Langit kang  katon resik
Sumiliring angin ngobah-obahake
Godhonge pethetan sing tinandur edi peni

Ati iki prihatos lan ndedonga
Kepriye nasibe bangsa Indonesia saiki
Kang tambah suwe tambah nelangsa
Marang kahanane urip kawula alit lan panguwasa

Panguwasa.....panguwasa......
Endi idialismu sing muk gembar-gemborno jaman semono?
Idialis Demokrasi, sosialis, religius, lan nasionalis
Iku mung omong kobot
Sing ana mung idialis bunglon

Panguwasa.....panguwasa......
Kowe iku pinter nangin kalaning keblinger
Keblinger nanging rumangsa pener
Apa sing dadi kekarepanmu kudu kelakon


Atiku sing ngelak marang kemareman
Urip ing bangsa merdeka
Kaya urip ing neraka


Gusti.........gusti......
Mugia panguwasa saged magertos apa sing dirasakna kawula alit
Lan dadosake bangsa Indonesi nirwanane kawula alit.

Lidah wetan , 30 mei 2010











Rahamat lan Murka
Dening: M. Abdullah Faqih

angin wengi mangsa ketiga
kang nampeg awak krasa atis
angin ketiga kang ngelus pang-pang garing

aku ora wedya mareng neraka-Mu
nanging aku luwung wedya marang murka-Mu

aku ora butoh marang swargi-Mu
nanging mung rahmat
hidayah-Mu kang dak jaluk.

lidah wetan, 23 juni 2010 (jaya baya no.  32 minggu II Apil 2011)




















Mitraku
Dening: M. Abdullah Faqih

( kagem : mahasiswa jawa unesa 08 A )
Mitraku wis pirang taun
anggonmu suwita
mitraku wis pirang taun
anggonmu setya
ngancani anggonku makarya
kanggo ngeluri budaya jawa
mitraku
sliramu tansah setya marang aku
sing wuta marang babakan sastra
bisu ngenanai unggah-ungguh basa
budek marang tembang macapat
nangin sliramu nerima aku ing papan pangonanmu
mitraku
nadyan kaya ngapa
aku lara lapa
aku ora bakal oncat marang sliramu.

Kantin Fbs, 27 juni 2010
























Biyung
Dening: M. Abdullah Faqih

biyung..........
sakabehing wearahan wewangsonmu
kanggo meguru ing resih bisma

ngaluk-aluk saka jagad pewayangan
dak suwun donga pangestu
ngasuh ngelmu ing pawiyatan metropolitan

biyung......
pitutur lan piwelingmu
ngenakake obahing pikir
lan bisa ndadeake tentrem atiku

biyung......
mung iman lan islam ing ati iki
kang dadi sisihanku ing beberayan kuta metropolitan
sing akeh candra sangkala kaya setain


Surabaya, 11 mei 2010























Durung bisa

dening:m. abdullah faqih
(kagem: faqih al-hiqaf) 

aku durung bisa turu
ing papan iki
aku ngenteni wartamu

aku durung bisa turu
yen kelingan citramu kang pucet
kaya wong sing kelangan sunare sang rembulan

aku durung bisa turu
yen lakumu isih kebak dosa
lan wus adoh marang pituduhe nur muhammad

sby, 8 okt 2010


















saranangga

Dening: M. Abdullah Faqih

Ora usah bingleng
Yen mengko saranangga dadi penguwasane
Kawula alit

Ora usah nggumun
Istana negara dadi sarange saranangga

Ora usah cenger
Petruk bisa dadi ratu
Nangin saranangga luwih bisa dadi penguwasane ratu


Warung kopi gersik, 28 Mei 2010

































Kursi

Dening: M.abdullah faqih

Nyawang kancan-kanca
Sing wis kelingan  cahya ing njero ati
Urip wis ora bisa tentrem awit diuber-uber
Barang kang katon nyenengi uga mateni

Meripat kang katon sepet
Kaya rembulan kang pucet
Barang salah kang dadi bener
Barang bener kang dadi salah
Amerga pikiran wis kebak kursi

Pancen donya iki wis kebak kontradiksi
Pesedularan amung diregani karo kursi

Surabaya, 10 maret 2010































Srikandi
Dening: M.abdullah Faqih

Apa seliramu tetep kaya sing biyen?
Sing  nduweni iman lan islam
Kang dadi pedoman ngelakoni bebrayan ing donya iki.

Tumetese katresnamu marang kawula alit
Kaya-kaya tumetese banyu udan ing mangsa ketiga,
Sing bisa mulyakake tatune para kawula alit


Iki srikandi
sing bakal  budhal perang
ing  Setengahe palagan,
Nggawa jiwa striya
Sing bakal babad angkara murka


Surabaya, 10 maret 2011






























Bocah
Dening: M.abdullah Faqih

Yen nyawang pasuryane
Aku bisa ngira kepriye angele paguripane
Isuk sore  ing tengah trotoar.

Bocah cilik
iku ora bisa Ngeraskna legine bangku sekolah
dheweke mung bisa nyawang saka adoh  bocah sekolah

bocah sing bakal dadi calon pemipin
kilangan rembulan
kilangan srengenge
kilangan sembarange, naging
esem manise ora bisa ilang marang pasuryane.


Surabaya, 10 maret 2011































langit peteng
dening : M.abdullah Faqih

mendhung kandel katon gumandhul
langit peteng ndhedhet ora ana cumlorote cahya
kang bisa nyunari swasana

panjerit atiku ngeluwihi panjeblunge gunung merapi
yen kilingan marang pawongan kang pikirane mung kebak kursi
ora cocog marang janjine
sing muluk-muluk sundhul langit
lakone iki mung lintah darat kang ora cocog marang pasuryane

surabaya, 11 maret 2011





































kurawa lan pandhawa
dening : M.abdullah Faqih

aku kang terus lumaku
tanpa nduga menawa kurawa mbujuk laku

kang gawe horeg dhadhaku
budheg kupingku
kaya atiku bakal oncat
marang bebener

aku kang terus lumaku
tanpa nduga menawa pandhawa mbujuk laku

aja nganti kelangan nurani
sing endah ora lumebu ing kalbu

nyuwuna keslametan marang gusti
anindakna rukun islam lan iman ing jagad pewayang iki.


Surabaya, 12 maret 2011(penjebar semangat no. 14-2  April 2011)

















Jaman kala bendhu

Dening : M. Abdullah Faqih

ing tengah wengi
cahayane rembulan kang cemlorot
manungsa sing wis melu owahe jaman
kang pada rame-rame ngumpul ing lampu kerlap-kerlip
vodka kang dadi ombene
sabu-sabu sing dadi camilane

apa bener iki sing jenenge jaman globalisasi
wong sing pada lali marang bebener
budaya kearifan sing pada ditinggalna
budaya lokal sing dianggep kuna
wong wadon nganggo bikini ing pawiyatan dianggep lumrah
gusti......gusti............

lakune manungsa ing jagade pawayangan
wis padha salah kaprah
praupane manungsa nanging lelakone kaya kewan
akeh fir’aun, kharun, abu jahal lan hitler sing pada lair ing jaman kala bendu..

gusti kang maha welas asih
punapa menika ingkang diarani jaman kala bendho?
Manungsa ingkang kesupen marang dhawuhe nur muhammad

iki ora jaman kemajuan nanging jaman jahiliyah
gusti..........gusti........

Bumi La Mania, 07 Mei 2010 (penyebar semangat no 22-29 Mei 2010 )









wuyung

Ing tengah wengi purnama sidi
Ewonan lintang kang nandang kasmaran
Konang-konang kang padha kekidungan
Mripatku blereng lan bruwet, kaya dirubung semut maewu-ewu
sing katon eseme sing suwene iki tansah
nadadekake sebelinge ati
Mripate pranyata katon endah lan sumunar endhum
arjue ora kalah marang Dewi sinta
wacucale kaya jarit saka sutra
kahanane iki Kaya-kaya nuduhake atiku sing lagi nandhang wuyung



Babatan, 22 juni 2010
penjebar semangat no.29-17 juli 2010






















mangro atine

Srengengene lagi mandhireng ing pusering langit
Nglumpuhake saindhenge susuh angin
Panase sumelet pancer ana nduhwur bun-bunan
Kaya mbeset-beset kulit daging sing meh garing nglating

Mripatku blereng lan bruwet, kaya dirubung semut maewu-ewu
bingung ora weruh endi barang bener lan ala
Nganti Apa sing tak lakoni ing jagade pewayangan iki
mung gawe mangro atine
kaya-kaya aku iki wus kilangan pituduhe nur muhammad

gusti kang maha welas asih
wangsulana pitakonan sing gawe mangruhe ati punika.

Babatan, 09 Mei 2010 (penjebar semangat no. 38 – 18 2010)






























Tidak ada komentar:

Posting Komentar