Label

  • : (1)

Senin, 06 Februari 2012

guritan wong cilik


Wong cilik
Dening : M. Abdullah Faqih

Wis padha lali marang eseme wong cilik
Mung janggelan kang dadi kekancane wong cilik
Mung keringet kang bisa dadi ombene anak putune
Nelangsa temen dadi wong cilik

Wong cilik dudu papane getih
Angkara uga dudu gesange wong cilik
Wong cilik dudu panggone Kasangsayanmu

lorong  panantang, 06 febuari 2012

Gurit dudu culika


Dudu culika
Dening : M. Abdullah Faqih

Pawiyatanku dudu donyane wong culika
Culika iku mung ana ing crita pewayangan
Ora  ana maneh Sangkuni
Ora bakal ana perang bharatayudha

Donyane wong culika dudu pawiyatanku
Pawiyatanku panggone guru warsita
Mung guru warsita kang bisa cecaturan
Ing pawiyatanku.

Lorong panantang, 06 febuari 2012

Minggu, 20 November 2011

Gurit Dosen = Gusti

Dosen = Gusti

Dening :M. Abdullah Faqih

gurit daktulis
nalika ati lan pikiran
ora bisa serhwungan
becik lan luput mung bisa
sinebut ing lambe tanpa bisa dirasa

tembung panantang daktulis
ing relung-relung atiku
wis ora bisa laras maneh karo
racikaning lelakonan ingkang rinacik
samudra pawiyatan ora ana sinebut kang  guru wasita

guru wasita mung ana ing netra
wus padha kang awujud gusti
kang lelakonane
fardlu ’ain kang kudu ditindakake marang siswa
ing samudra pawiyatan 

Lorong panantang, 8 November 2011

Gurit Layang saka langit

Layang saka langit

Dening :M. Abdullah Faqih

Langite katon mendung
Angin kang mbeset kulit
Wus suweh ora keprungu
Tangisane langit

Cangkriman samudra panguripan
Wus padha ditindakake
Nanging peraupane padha lingsem
Duk langit ora bisa drawijaga

Seliramu kapan drawajaya marang siti.


Lorong panantang, 9 November 2011

Selasa, 01 November 2011

gurit katon mendung

Katon Mendung
Dening : M. Abdullah Faqih
Katon mendung kahanane
kabeh para prajurit padha budhal perang ing palagan,
bocah cilik padha tetangis marang biyunge,,,
mung dedonga kang bisa gawe ademe pikir lan tentreme ati...
Katon mendung kahanane
 
Bem Fbs. 30 Oktober 2011

gurit layang

Layang

Swasana kang ora renenggah
Lintang mung bisa sesingkuran Marang rembulan
Ora ana cecaturan kang dadekake kalbu kang edi peni

Layang iku kang daktulis ing netra


Joglo, 03 Oktober 2011
remeng-remeng

sunar kang remeng-remeng mung dadi jejibahan ing
jagad pewayangan, iman mung dadi lipstike lambe,,,
dewi sri wus kelengan eseme, naging
pandhawa mung bisa sesambatan kang ora ana jeluntrunge..


Bem Fbs. 12 Oktober 2011