Label

  • : (1)

Minggu, 20 November 2011

Gurit Dosen = Gusti

Dosen = Gusti

Dening :M. Abdullah Faqih

gurit daktulis
nalika ati lan pikiran
ora bisa serhwungan
becik lan luput mung bisa
sinebut ing lambe tanpa bisa dirasa

tembung panantang daktulis
ing relung-relung atiku
wis ora bisa laras maneh karo
racikaning lelakonan ingkang rinacik
samudra pawiyatan ora ana sinebut kang  guru wasita

guru wasita mung ana ing netra
wus padha kang awujud gusti
kang lelakonane
fardlu ’ain kang kudu ditindakake marang siswa
ing samudra pawiyatan 

Lorong panantang, 8 November 2011

Gurit Layang saka langit

Layang saka langit

Dening :M. Abdullah Faqih

Langite katon mendung
Angin kang mbeset kulit
Wus suweh ora keprungu
Tangisane langit

Cangkriman samudra panguripan
Wus padha ditindakake
Nanging peraupane padha lingsem
Duk langit ora bisa drawijaga

Seliramu kapan drawajaya marang siti.


Lorong panantang, 9 November 2011

Selasa, 01 November 2011

gurit katon mendung

Katon Mendung
Dening : M. Abdullah Faqih
Katon mendung kahanane
kabeh para prajurit padha budhal perang ing palagan,
bocah cilik padha tetangis marang biyunge,,,
mung dedonga kang bisa gawe ademe pikir lan tentreme ati...
Katon mendung kahanane
 
Bem Fbs. 30 Oktober 2011

gurit layang

Layang

Swasana kang ora renenggah
Lintang mung bisa sesingkuran Marang rembulan
Ora ana cecaturan kang dadekake kalbu kang edi peni

Layang iku kang daktulis ing netra


Joglo, 03 Oktober 2011
remeng-remeng

sunar kang remeng-remeng mung dadi jejibahan ing
jagad pewayangan, iman mung dadi lipstike lambe,,,
dewi sri wus kelengan eseme, naging
pandhawa mung bisa sesambatan kang ora ana jeluntrunge..


Bem Fbs. 12 Oktober 2011