Label

  • : (1)

Selasa, 07 Juni 2011

Kebudayaan Kabupaten Lamongan


Budaya Ing Kabupaten Lamongan

Dening : M. Abdullah Faqih
a.      Upacara Mantenan ing Ds. Datinawong, Kec. Babat, Kab. Lamongan.
      Saben daerah nduweni tata cara lan maknane uba rampen ing upacara pengantenan dhewe-dhewe. Upacara pengantenan mujudake tata cara kanthi tradisional, sing isih njunjung dhuwur  maknane uba rampen ing upacara ing upacara pengantenan. Yen dibandingake karo upacara pemantenan jaman saiki wis adoh banget, biasane para kawula muda pengen nggunakake upacara pengantenan kanthi modern, saengga wis ora nggunakaken uba rampen kaya sing wis dijlentrehake ing majalah Panyebar Semangat.
      Tata cara pengantenan jlentrehake sakwernaning perlambang lan maknane uba rampen, kaya ta ana gapura sing sing mangku karep: pangapura utawa welas asih, sok sapa pawongan kang mlebu papan panggonan kudu liwat gapura, ing pangajap nduweni ati kang welas asih. Plataran iku mesthi diratakake, amerga sawise mlebu gapura banjur mancik plataran utawa latar kang rata, supaya kang teka lan kang ditekani iku rumangsa padha rata, padha senenge, padha marene lan padha legane.
      Terob nduweni maksud ing papan panggonan mau, wis pepak samubarange lan ing pangajap kebak tamu sing diundang nganti amber. Kwade, padhe-padhe, sasana rinengga mangku karep minangka gegununganing pahargyan, diunggulake sebab kang pahargyan minangka raja sehari. kursi kiwa tengene kursi penganten mangku teges nadyan wis dadi raja lan ratu, ewadene isih mbutuhake tetimbangan para sepuh lan sesepuh. Kursi patah sakembaran mangku teges raja lan ratu mau tansah cake ting rahayu utawa slamet kang sejati. songsong tundha tiga (payung sungsun telu) kanggo pangayoman yen kudanan lan kepanasan.
      Blumbangan utawa air mancur mangku teges banyu iku lambange panguripan, maksude Sri penganten ing tembe bisa urip kanthi suci lan halal. Kembar mayang iku kanggo ngluhurake penganten kekarone ing reh samubarang, luhur bidine lsp. Debog mangku teges yen penganten duwe kekarepan kang luhur, ora bakal kendha lan leren yen durung kasembadan sedyane. Janur maksude penganten tembe digadhang dadi ahli surga. Godhong ringin mangku karep penganten kekarone bisa dadi pangayom lan ngayomi. Godhong alang-alang lan godhong apa-apa mangku karep aja nganti ana alangan sawiji-wiji apa, aja ana balak musibah apa-apa. Godhong puring mangku karep antuk kabecikan lan kamareman lan tansah positif wawasane ing reh kahanan apa wae. lan sakpanunggalane. Nanging yen dibandingake karo jaman saiki utamane ing daerah wetanan Jombang, Lamongan, Gersik, Bojonegara, wis jarang banget sing nggunakake tata cara pengantenan sing lengkap.
      Akeh-akehe wong jawa emoh dianggep ketinggalan jaman, kabeh padha melu trend jaman modern. Yen ana wong nikah sing migunakake tata cara modern, tetanggan liyane uga niru migunakake tata cara sing modern, dadi uba rampen sing awujud blumbangan, padhe-padhe, umbul-umbul, songsong tundha tiga (payung sungsun telu), air mancur, godhong ringin, andong puring, godhong alang-alang lan godhong apa-apa wis ora digunakake maneh ing daerah wetanan, tambah suwe saya ilang kapribadene wong jawa saiki.
      Ing artikel Parlambang lan Maknane Uba Rampen ing Upacara Pengantenan, isih kurang njlentrehake ngenani tata carane siraman lan temu manten, mesthine tata cara kuwi mau uga dijlentrehake supaya bisa njangkepi tata carane pengantenan ing ing daerah jawa lan wong jawa bisa mangerti maknane kabeh uga bisa niru kanthi tata cara pengantenan kang bener kanggone wong jawa.
      Saben daerah nduweni tata cara upacara mantenan kang beda. Ing ngisor iki arep diandharake ngenani tata carane upacara mantenan ing daerah Lamongan kang dibandingake karo tata cara mantenane wong Jawa. Tata carane mantenan Jawa iku kaperang dadi 21, yaiku:
1)      Perjodohan
      Perjodohan yaiku nggolekake jodoh sawijine anggota kaluarga kang durung nduweni jodoh (durung nikah).  Ing daerah Lamongan kang diarani perjodohan iku isih ana nanging ya ora akeh. Akeh sing golek dhewe-dhewe, tegese wong wadon karo wong lanang milih dhewe sapa kang bakal dadi bojone. Ora lumantar perjodohan nanging lumantar ketemu dhewe-dhewe ora ana kang njodohake. Kang marakeke tata cara unik ing Lamongan yaiku sing wodon nglamar marang sing lanang, banjur sing lanang balik nglamar nang sing wadon. Amerga anane perkembangan jaman, saiki dadi walikan, saiki akeh-akehe sing lanang nglamar dhisik, banjur diwenehi peningset awujud mas-masan. Sawise lamaran kari ngenteni dina gawene.
2)       Plataran
      Plataran mono minangka panggonan kanggo nampa para tamu kang teka ing adicara temantenan. Saben omah umume padha nduweni plataran sanajan mung ciwut. Saengga nalika ana adicara temantenan plataran bisa kagunakake kanggo nampa tamu lan panggonan lungguhane tamu amarga undhangane akeh saengga dilungguhake ana ing plataran sawise mlebu nglewati gapura mau. Ing plataran mau ditatani kursi kanggo lungguhane para tamu. Sadurunge mlebu ing plataran,para tamu sing teka padha disalami ing gapura lan diwenehi jajanan kang diwadhahi kothak kertas cilik utawa biasa kasebut snack, sajrone ana panganan cilik lan omben, kaya aqua.
3)      Nemtokake Dina Gawe
      Biasane nemtokake dina gawe diitung saka neptune wong lanang lan wong wadon kang arep dinikahake. Ing daerah Lamongan isih ana cara nemtokake dina gawe. Wong tuwa saka temanten wadon utawa wong tuwa saka temanten lanang biasane takon menyang wong kang dianggep pinter babagan itungan Jawa utawa menyang dukun kanggo nemtokake dina gawe.

4)      Calon Temanten Wadon diulik utawa Walik dadah
            Ing Lamongan wis ora ana kang migunakake tata cara mantenan kaya ngene iki.

5)      Pasang Tarub
        Terop mono minangka tandha pangayom. Terop biasane dipasang ing plataran  kanggo iyup- iyupe kursi lelungguhane para tamu, saengga ora kepanasen nalika panas lan ora kudanan yen mangsa udan. Pamujine sapa wae sing ana ing sangisore terob sing dipasang mau bisa oleh karaharjan, pangayoman, lan sapanunggalane. Saliyane iku, para tamu mau krana ws diundhang mula sabisa- bisane pancen kudu dimulyakake ing panggonan kang mrenah lan ayom.
      Tarub yaiku payon kang ditrapake ing ngarep omah wong kang duwe gawe. Biasane sadurunge tarupe dipasang diwiwiti karo kenduri, naburake kembang sataman ing omah, jeding, pawon, pendaringan, prapatan dalan, kretek kang ana ing cedhak omah. Sawise dipasang banjur ing duwure diuncali panggang ayam. Ing ngarep lawang kanggo mlebune dipasang janur, wite tebu, godhong opo-opo, alang-alang, godhong ringin, klapa gading, lan wite gedang kang wis nguwoh (biasane gedang raja).
      Ing Lamongan tata cara pasang tarub iku isih ana. Biasane sadurunge masang tarub uga diwiwiti karo slametan kang awujud tumpeng lan bubur abang, nanging ora nganggo naburake kembang sataman menyang panggonan-panggonan kayata ing njero omah, jeding, pawon, pandaringan, prapatan dalan, lan kretek kang ana ing sacidheke omah. Lan tata cara nguncalake panggang ayam ing dhuwur omah ora ana ing daerah Lamongan. Ing daerah Lamongan kang dipasang ing ngarepe lawang yaiku mung awujud janur.
6)      Siraman
      Tata cara siraman iki biasane para tamu oleh sega tumpeng. Ing acara iki calon temanten wadon disiram banyu kang dicampurake karo kembang setaman. Ing daerah Lamongan acara siraman iki wis ora ana. Ing Lamongan ana acara kang tamune uga oleh sega tumpeng yaiku acara ngaturi. Ngaturi biasane dianakake bengi, sedina sadurunge dina gawene.

7)      Umbul- umbul
      Umbul- umbul minangka salah sawijining tandha manawa ing papan panggonan kang dipasangi umbul- umbul mau lagi ana adicara temantenan. Dadi wong sing arep teka, utamane undhangane ora prelu bingung amarga wus ana tandhane ing ngarep omah utawa yen omahe mlebu (dalan cilik) dipasang ing dalan sing arep mlebu mau. Kanthi umbul- umbul mau dikarepake swasanane bisa kebak rasa seneng, mulya,lan ora ana alangan apa- apa.
8)      Kwadhe
      Kwadhe mono mujudake papan kanggo palungguhane temanten sarimbit kang wus direngga kanthi becik. Akeh modhel- modhel kwadhe ing jaman saiki, kabeh mujudake rasa endah tumrap riasane temanten sarimbit. Iku mono dikarepake bisa ndadekake temanten sarimbit dadi pasangan kang pinunjul lan luhur.
9)      Kursi manten
      Kursi temanten mono biasane awujud kursi sing dawa supaya bisa kaamot dening temanten sariimbit kang lungguh jejer. Kanthi lungguh jejer temanten sarimbit kaya dene raja lan prameswari kang bakal ngayahi bebrayan wong loro lan dikarepake bisa dadi kulawarga sing mulya lan kinasih.
10)  Kursi kiwa- tengene kursi penganten
      Kursi kiwa- tengene penganten mau kanggo lungguhane wong tuwane  lan maratuwane temanten sarimbit. Iku mono nuduhake manawa sanajan wus nikah nanging panggah mbutuhake wong tuwa minangka tetimbangan manawa ana apa- apa. Nalikane adicara temantenan, temanten sarimbit sungkem marang wong tuwane supaya tansah antuk kanugrahan saka Gusti.
11)  Kursi patah sakembaran
      Kursi iki dilunguhi dening para pager ayu kang ndhampingi temanten sarimbit. Ing jaman saiki uga kajangkepan karo pager bagus. Iku mono nuduhake supaya temanten sarimbit tansah cake ting rahayu lan diwenehi keslametan krana ana sing ndhampingi ing sajroning urip sing bakal katindakake bebarengan wong loro.
12)  Songsong tundha telu
      Songsong tundha telu uga biasa sinebut payung sungsun telu sing didelehake ana ing sakiwa tengene kursi temanten. Payung tundha telu iki mujudake pengayoman tumrap temanten sarimbit. Penganten sarimbit mbutuhake pengayoman saka Gusti supaya anggone bebrayan bisa dadi ayem, tentrem, lan tansah mulya.

13)  Kembar mayang
      Kembar mayang mono kaya dene reroncene tetuwuhan kang umume bisa ngrembaka saengga temanten sarimpit dikarepake tansah ngrembaka urip bebarengan saha bisa urip makmur, mulya, lan ayem bebarengan. Kembar mayang mono kedadeyan saka debog, janur, godhong ringin, godhong alang- alang, andong puring, lan godhong apa- apa. Sakabehe tetuwuhan mau nduweni kekarepan kang migunani tumrap temanten sarimbit. Tetuwuhan  mau minangka tandha utawa pangarep- arep supaya temanten sarimbit tansah urip luhur, tansah antuk pengayoman tanpa ana alangan apa- apa, lan dikarepake bisa dadi ahline swarga. Saliyane iku, supaya tansah semangat anggone nyambut gawe kanggo urip bebarayan lan sempulur utawa gengser anggone golek sandhang pangan
14)  Midodari
            Midodareni ing tata cara mantenan ing Lamongan ora ana.
15)  Upacara akad nikah
      Akad nikah ing Lamongan biasane dileksanakake esuk nalika diana gawe, banjur resepsiane dilaksanakake awane.
16)  Temu manten
      Temu manten yaiku acara nemokake temanten lanang lan temanten wadon.  Ing Lamongan tata cara temu manten iki isih ana. Temu manten ing Lomangan biasane dipimpin patah (wong kang ngrias manten), banjur tata carane dieloki dening manten lanang lan wadon. Nalika acara temu manten iki ditekani para tamu.
17)  Kacar-kucur
      Kacar-kucur yaiku temanten lanang nyiramake pari ing wadah kang dicekeli dening temanten wadon, yaiku temanten lanang bakal menehi nafkah temanten wadon kangdadi jejibahne. Pari kang ditadahi dening temanten wadon mau disimpen kanggo selawase. Ing Lamongan tata cara iki isih ana, nanging uga ana saperangan wis ora nggawe acara kacar-kucur iki.
18)  Dulang-dulangan
      Dulang-dulangan yaiku acara kang isine temanten lanang ndulang sega temanten wadon. Ing Lamongan acara kang kaya ngene iki isih ana. Biasane temanten lanang ndulang temanten wodon ing ndhuwur kwadi lan disekseni dening para tamu.
19)  Ngabekten
      Ngabekten yaiku temanten lanang lan wadon sungkem menyang wong tuwa, wong tuwa saka temanten lanang uga wong tuwa saka temanten wadon.  Ing daerah Lamongan isih ana tradisi mantenan kang kaya mau. Biasane wong tuwa kekarone lungguh ing kursi kwadi banjur temanten lanang lang wadong sungkem ing pangkuwane wong tuwa kekarone (wong tuwa temangten lanang lan wong tuwa temanten wadon).
20)  Tilik nganten
      Tilik manten yaiku kluwarga temanten wadon tilik menyang temanten lanang. Ing Lamongan tradisi kang kaya iku mau isih ana lan diarani ngundhang mantu utawa walik ajang. Biasane kang diajak iring-iring utawa tilik manten yaiku kluwarga lan tangga teparone. Sawise tilik manten, temanten wadon lan lanang melu balik mulih menyang omahe sing wadon. Banjur pendhak pasare penganten lan kaluargane sing wadon menyang omahe kaluargane sing lanang. Penganten nginep suwengi ing omahe sing lanang. Sesuke kaluarga wadon marani maneh ngajak penganten mulih nang omahe sing wadon, kaluarga lanang melu ngetotake mulih lan ngawakake bantal lan klasa.      
21)  Ubarampe
      siji iki ana ing dalan mlebu menyang omahe sing mantenan.  Iki minangka tandha panyambute tumrap para tamu kang arep rawuh ing adicara temantenan. Gapura mono dihias kanthi becik saengga rinengga ing sesawangan. Ubarampe kang dipasang ing gapura mono akeh, kayata janur, klapa gadhing, gedhang  raja satundhun, lan godhong ringin. Kabeh ubarampe mau dipasang kanthi becik banjur diplengkungne ing dalan mlebune omah sing mantenan. Gapura mau dipasang kiwa- tengen kanthi ubarampe kang padha lan tengahe ana janur sing sadane diilangi lan janure disembreti (disuwir) supaya gegandhulan kanthi endah. Gapura iki dipasang nalika arep manggulan (arep becekan utawa buwuh).  Gapura mono nduweni makna minangka tandha pangapura kanthi nyambung tali silaturakhim saengga kanthi ubarampe kang rinengga para tamu bakal kesengsem sarta nduweni rasa tresna asih tumrap pasangan temanten.

b.      Budaya “Besik”  Ing Lamongan
      Kuta lamongan 3-4 dina menjelang wulan romadhon lan dina riya (idhul fitri lan idhul adha) masyrakat lamongan iku wontenake ziarah kubur. Ing ziarah kubur iku engko ana  bocah-bocah kang gawa arit. Bocah-bocah iku ora kanggo jagongan utawa dolanan ing kuburan. Bocah-bocah iku uga penawar jasa kanggo ngersiki makam lan dibayar. Kang istilah dheweke(local) iku pergawean ngersiki kuburan iku kang dibayar iku kang kasebut “bisik”
      Histori budaya “bisik” ing Lamongan muncul amergi ana fenomena cultural religious yaiku ziarah kubur. Ziarah kubur ing sakjerone ajarane agama islam iku nduweni hukum sunnah ingkang sakniki wis ana legimitasi saking budaya local jawa, seahingga ziarah kubur iku bisa eksis sampek sak niki. Ziarah kubur sing berkambang sak niki iku luwih ana gabungan saka unsure budaya local jawa karo budaya agama islam kang asli salah sawijine budaya.Doa kanggo si mayat iku unsur budaya kang ana sakjerone ajaran agama islam,sedangkan gawa bunga lan ngersiki kuburan iku ana ing unsur saking budaya local jawa.
      Bisik iku wis ana kurang luwih 3-4 generasi, mula iku kebiasaan iku bisa kasebut budaya. Kang nduweni peran ing budaya iki ora liya bocah-bocah kang umure kang rata-rata sak ngisore 20 taun. Ingkang alat kang digunakae yaiku arit, arit iki nduweni fungsi kanggo ngersiki petak-petak kuburan. Saking alat arit iki nduweni pengarepan yen dheweke bisa dijaluki tolong, kenani upah kanggo bocah-bocah iku gumantung keihklasan saking uwong sing wenehi..
      Bisik iku bisa dipandang wujud proses Komersialisme saking masyarakat desa. Amergi para pembesik iku kang asale saka desa-desa pinggiran makam utawa saking pinggiran kuta lamongan. Komersialisme utawa budaya duhwit iku digawa saking pawongan kang saka kuta. Sakjerone proses interaksi masyraktat kota karo masyarakat desa iki wonten nilai-nilai kang anyar kanggo dhweke utawa pezirah kubur karo pembisik.
      Kahanan masyrakat kuta lan uwong sing sugih ziarah kubur sing wis ora gelem ngersik kuburan, naging dheweke iku ngokon uwong sing ana ing kuburan kanggo ngersiki kburane kaluwargane mengko bakal diwenehi upah duwit. Saking kahanan iku ingkang sak niki kang ana gegayutane karo pihak peziarah karo pihak pembesik. Kahanan iku didukung pemakaman kang ora kerawat maneh lan suket-sukete wis padha rumbuk ing nduwure makam.
      Sadurunge ana kahanan iku masyarakat pinggiran kuta iku isek nduweni nilai-nilai gotong royong, seangga kanggo ngersiki kuburan ora kudu dibayar utawa diwenehi upah, saking perkembangan kuta kang ngakibatna aliran budaya kuta ke desa iku uga budaya komersialisme iku bisa nggeser nilai-nilai sing sipat sosial. Hingga sakniki besik iku dipahami sebagai pergawean musiman kanggo para pembesik. Uga iku para peziarah kuburan kudu nyiapake duhwit tambahan kanggo para pembesik yen dheweke aras-arasen kanggo ngersiki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar